MAD SEASON

MAD SEASON

Wikipedia.org

 

 

 

 

 

 


 Sumanto...eh sumonggo poro sederek sederek engkang kulo mulyakaken, kepareng nyuwun pirso kulo badhe maringi panglipuran dhateng panjenengan sedoyo kanthi wacono SEATTLE SOUND band anaminipun MAT TAWI... eh salah, MAD SEASON, dingapunten, plegak pleguk ket wau dereng sarapan, mboten gadhah yotro. MAD SEASON, meniko tesih sederek an kalih Matt Sorum. MAD SEASON, band grang saking Seattle Washington DC, diadhegaken wiwitipun, Mike Mcready, gitarisipun Pearl Jam, saweg nandhang wuyung amargi kecanduan empis empis, narkoba, teng panti rehabilitasi ANUgerah, Minneapolis, Minnesota, teng mriko Mike kepanggih kalih John Baker Saunders bassist blues saking band little pat rushing, hubbert summin, the lamon cranston,  engkang sami sami nandhang wuyung amargi empis empis. Amargi gadah ide sami, Mike lan John, sak iyeg sak eko proyo wangsul dateng Seattle badhe pados drummer ingkang cocok, kepanggeh kalih Barret ijo eh... Barret Martin, drummer saking band screaming trees lan skin yard, ketigone cobi ndamel demo, angsal kalih lagu, river of deceit kalih wake up, tapi bingung lebar niku, seng badhe nyanyi sinten, mosok nurdin? jelas mboten mungkin, njur, Mike Mccready kelingan, riyen nate gadhah rencang vokalis band grang, alice in chains, naminipun Laney Staley. Raosipun cocok, demonipun Mad Season didamel. MAD SEASON gur gadhah setunggil album kemawon, amargi kedadosan konflik batin saking poro personile, Laney Staley mlebet panti rehab, nandhang wuyung kecanduan empis empis malih, lha john baker saunders sedo amargi overload ngonsumsi empis empis ditambah plitur, let setunggil wulan Laney Staley nyusul. Bubar. Mike mcready wangsul teng band sakderenge, Pearl Jam, Barret Martin wangsul teng Indramayu, ngawur, wangsul teng band ne piyambak, Screaming trees. Screaming Trees nggih bubar taon 2000, amargi vokalisipun, Mark Lanegan, nyusul teng panti rehab ANUgerah, kecanduan empis empis. Karier Barret Martin terus mlampah, dados drummeripun band R.E.M. ampun tambahi BLONG lho...ugi dados drumer side project kipun gitarise R.E.M. ampun tambahi BLONG, TUATARA. Monggo, poro cah grang menawi gadhah inspirasi badhe ndamel band grang, kulo gadhah usul, dijenengi niki mawon, THE KILLING EMPHIS EMPHIS !

1. MAD SEASON        - river of deceit mp3
DOWNLOAD

2. MAD SEASON        - long gone day mp3
DOWNLOAD

3. MAD SEASON        - I don't wanna be a soldier (John Lennon cover) mp3
DOWNLOAD

4. MAD SEASON        - lifeless death mp3
DOWNLOAD

5. ALICE IN CHAINS - would ? (bonus track) mp3
DOWNLOAD


Monggo komentar ingkang dawir dan ngoyoworo, ben rame, tan soyo saru tan soyo laris, diblokir anggeh monggo, malah matursuwun, tapi, ampun ndherdeg menawi badhe ndownload, niki gratis kok.

Monggolah.com










PERINGATAN PEMERINTAH: GAMBAR DI ATAS TIDAK ADA HUBUNGANNYA

3 komentar:

Galih Kusmawan 18 Maret 2015 pukul 01.06  

dawir dawir dawir

Galih Kusmawan 20 Maret 2015 pukul 05.49  

DOWNLOAD

Galih Kusmawan 20 Maret 2015 pukul 05.51  

Tulisan nang nduwur ki maksudte opo? Kok ndownload? Ndownload opo? Ndownload video bokep jaran karo keyong

Posting Komentar

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.